tai_kucing
May 14 2007, 11:11 PM
Seng ngaku wong semarang... trus penggemar berat psis koyok aku.. hehehhehe... tak enteni neng kene... ngomong2 ngalor-ngidul tentang PSIS pije???? gelem pow rak?????
apache
May 20 2007, 11:55 PM
aq wong semarang...saiki ning cilacap, nanging yo kuwi...saiki wes ora nge-fans maneh karo PSIS
selimut_malam
May 22 2007, 08:01 AM
piye kabar'e psis....
wis entuk pemain anyar durung?
dukung psis dan berdoa moga penampilannya semakin baik dan dapat
PSIS --> You'll Never Walk Alone


tai_kucing
May 26 2007, 12:07 AM
mboh iki mas... malah meh tuku oscar aravena kie keto'e.... wes ngerti elek yo meh dituku... bingung akuuu....
bakakirik
Jun 1 2007, 01:54 PM
pelatihe genti ae kui PSIS..nggarahi kalahan
tai_kucing
Jun 2 2007, 10:38 PM
he'e mas.. pelatihe ganti ae... bonggo kie durung pantes dadi pelatih.. kon sinau maning ae... haahahahhahah
jessica_blue
Jun 8 2007, 11:22 AM
Tak kiro Bonggo dudu pelatih sing geblek, tapi deweke memang ora iso ngukur pemaine. Jan-jane pemaine apik-apik, tapi komposisine sing ora pas. Terus pas ngganti pemain juga ora pas, wancine diganti malah ora diganti, eh sing apik tur isih ngeyel malah ditarik. Iku persoalane om.
uyabrup
Oct 9 2007, 05:11 AM
Hoi2...
Jek ono sing nang semarang gak?
Ketoke koq wong semarang perantauan akeh2e.. hehehhehe
{peace}
Mar_Kentu
Oct 10 2007, 01:41 PM
sori ketinggalan sepur mas..... aku asli wong semarang
psis nek pas menang aku seneng tapi nek kalah ora gelem krungu britane
selimut_malam
Oct 18 2007, 03:41 AM
helllo psis mania semua...
gimana kabar bro 'n sis semua...
sartono anwar masuk memberikan angin segar...
DUKUNG TERUS PSIS...!!!!!Yo....
ayo...
ayo psis...
ku ingin....
semarang harus menang
neng kene aku ngenteni...
aduh-aduh kowe sing tan enteni
semarang ayo dimenangke
yen wes menang seneng rame2..
lala...lala
lili...lili....
semarang menang lagi..
¤ªÐi & A¥äH¤
Nov 1 2007, 12:46 PM
urunan wae lah ...gak ono dana APBD, ojo nganti psis bubar..
The Rambo
Nov 2 2007, 09:53 AM
Jarene danane APBD nggo kabeh klub sepakbola tanah air meh ditarik mergo dianggep pemborosan ... piye jal ?
Yoyok sukawi gelem ora nek kon mbiayai PSIS ... opo digolekno sponsor ae seputaran semarang sing gelem
Ojo sampe wakile semarang ga ono maneh kas !!!

PSIS kudu golek pemain muda sing isih gatel sikile ... nek perlu mblusuk2 nang pedalaman

VIVA PSIS !!!
jessica_blue
Nov 10 2007, 03:58 PM
setuju sama yg di atas
batoshai
Dec 15 2007, 11:44 AM
Melu gabung yo cah....
musim iki PSIS remuk hura popo...kuwi wis salah ket awale...pelatih gak nggenah
sing penting musim ngarep bangkit maneh...
buang Hari Salisburi,Idrus Gunaean,Igor...maine hura nggenah blas....
J-lo,Marthen Tao tetep pertahanke..tambah tuku Zahrahan..pasti lheb godek...
eiger
Dec 25 2007, 12:29 PM
btw, kapan nih cah semarang gathering ?

gw juga wong semarang ..
hariyanto7
Jan 8 2008, 09:26 AM
aku ning semarang tapi ra seneng PSIS piye jal???
fuckaholic
Jun 3 2008, 12:22 AM
Yen pingin PSIS maju, manajer-e ganti dhisik, trus diaudit karo KPK. Jebloke prestasi PSIS mutlak salahe manajer. Ngeceh-ngeceh dhuwit 14 milyar kaya dhuwite Pakne. Coba sapa sing ngerti tenan piye olehe ngecakke. Mosok ning laporane entekke luwih akeh nggo bonus. Gendheng tenan!! Bonus kuwi kudune ya saka kantonge dhewe utawa sumbangan saka pengusaha sing ngefans, dudu saka APBD. Kethok jelas yen ana "permainan", ana korupsi. Mulane pelatih koplo kaya Bonggo Pribadi mbiyen dienggo terus, merga gampang dijak kong kalikong. Milih pemain sakpenakke udhel-e. Sing top mung 1-2, liyane gombal mukiyo. Coba mbiyen yen ora ana Porras karo Julio Lopez, apa mungkin dadi runner-up?. Pelatih sing ora dikanggoke jebul ya ciamik ning njaba ( kaya Daniel Roekito ).
darmomunyuk
Jun 3 2008, 11:11 AM
wah...podo ngomongke psis tah....
saiki lagi harap2 cemas nunggu keputusan BLI, mlebu Liga super opo hora...
nek menurut aku mending nang divisi utama ae, ra sah ngimpi mlebu liga super barang, mengko ndak ngisin-isini...
lha wong pemain sak onone ngunu kok....
trias
Jun 3 2008, 05:03 PM
psis piyesakiki nda.. aku ra ono tv e.. tambah jaya yo... aku absen yo nda
dori_sharingan
Jun 3 2008, 11:31 PM
sugeng ndalu sedoyo!!
kulo tiyang semarang nanging mboten patos seneng bal-balan
salam kenal..
dori_sharingan
Jun 3 2008, 11:32 PM
pareng...
This is a "lo-fi" version of our main content. To view the full version with more information, formatting and images, please
click here.