affan2fly
Jan 15 2008, 02:48 AM
asline wes posting ndek forum sebelah, ...tapi opo salahe ta' posting maneh cek no rame...yo gak ker??
Hayo sopo sing tau nglakoni urip ndek jaman iki ndek malang?
Sing wes tau berarti wes mulai tuwek ...
- Tau nduwe buku pelajaran sekolah ono tulisane 'Sesuai Kurikulum 1975'
- Tau nduwe sepatu warior, gawe sekolah.
- Akeh mobil tulisane Turbo utowo Mugen Power
- Chanel TV cuma TVRI thok, nek sabtu bengi ono film akhir pekan.
- Minggu isuk nonton Unyil, dalan2 dadi sepi arek cilik.
- Siaran TVRI dino biasa mulai jam 4 sore. Pembukaane lagu Indonesia Raya.
- Sopo sing gak kenal "Eric Estrada"?
- Niru dadi chip,..playon mbek kathok'e diselipi biting.
- Ibu'ku njait klambi karo ngrungokno sandiwara radio saur sepuh, trus ibuku malang ibuku tersayang, trus mak lampir.
-Radio FM pertama : Kalimaya Bhaskara.
-Seneng ngrungokno Radio Senaputra sing penyiare bung Ovan Tobing.
-Plaza pertama, Malang Plaza.
-Nonton Kungfu Mastere Jet Lee pertama ndek Jaya Theater, Mulia Theater, Garuda Theater.
-Seneng nonton acara Musik Album Minggu, Selecta Pop.
-Aneka Ria Safari......pengarah acara Eddy Sud, pembawa acara Sri Maryati
-Paling sebel nek Film apik2 dipotong laporan khusus ndek TVRI
-Nduwe sepeda BMX, diduwurno sadele,..trus gear diganti Goldtrap cek ne iso standing.
-Telpon kodew nggawe telpon umum koin ndek rumah sakit,..cek ne sepi.
-Nomer telpon cuma 5 digit.
-Nek gak duwe telpon, ngeke'i nomer telpon tanggane.
-Tas sekolah gawenan Jayagiri, Alpina.
-Nang rental kaset game sega, Nintendo, mbek spica ndek embong brantas.
-Gak kene' ono latar ombo thitik, wes digawe lapangan badminton...sampe dike'i lampu cek ne iso maen bengi.
-Maen kuwartet, Umbulan, Nekeran.
-Tau melok2 nari breakdance, & sepatu roda.
-Lagu wajib 'Madu dan Racun' Ari Wibowo & 'Kugadaikan
Cintaku' Gombloh...
-Nek Bengi jam 12 ngrungokno dagelan Kartolo Cs ndek radio TT77
-Apal Lagu2 ne : Obbie Messakh, Ricki ricardo, Rinto Harahap, Ikang Fawzi, GodBless, Iwan Fals.
-Moco komik Trigan, Arad & Maya, Coki si Pelukis Cepat, Roel Dijkstra ndek
majalah Hai, tukune ndek Boldi.
-Rokok Surya ngecer sek 100an,..
-Mikrolet ono'e sek jurusan AG,...ongkose 250an.
-Numpak Bemo Teko comboran nang Mergan.
-Usum rambut di Kuncir koyo buntute tikus. Tambah dowo tambah sangar.
-Celono Jeans di lingkis tebel sampe ketok sing bagian putih'e.
-Tau nggawe celono streatch (strit) sing nek nggawe, sikile dibungkus kresek disik.
-Celono bolong dengkule.
-Bangga nggawe jam tangan digital merk ALBA.
-Rame2 tuku kaset Amy Search & Inka Christy. Lagu Ngetope Isabela.
-Serius ngrungokno kaset sanggar cerita.
-Nonton Film Ari Hanggara, mbek Rocky V.
-Maen gamewatch Rp.50an pas istirahat sekolah,..utowo nonton kaledoskop gambar spiderman, utowo tuku lotere coblosan.
-Nek nang alun-alun tujuane ndelok air mancur, mbek mangan tahu petis, karo nonton tandak bedhes sarimin.
-Numpak sepeda pancal ga' wani liwat embong gedhe, soale ga' duwe peneng
-Nggandol Cikar sampe tekan Gadang.
-Roko'an nyingit2,..moleh sekolah dolen nang parkiran matahari paling nduwur, trus nongkrong ngrokok sa' lencer gawe arek 5.
-Tugas sekolah dikongkon nyatet jengeng2 e pahlawan kidul pasar.
-Maen Band lagune Ugly kid joe, Guns'n roses, slank.
-Oi...sik iling film kartun indonesia "Si Huma"
-Paling seneng nonton "Serumpun Bambu", paling benci karo Bu Subangun!!
-A-C-I : Aku Cinta Indonesia, Amir, Cici, Itok
-Pertama iso numpak adapes rotom, bensin sek Rp.750, per liter.
-Ngetrek dhek jalan Veteran, jagoane Suzuki Crystal.
-Sore-sore jajan tuku roti goreng mbek kue moho ndek sebelahe biskop jaya
-Omah2 podo dicet tulisan PKK gede dek gentenge. Tujuane opo,..sampe saiki aku gak ngerti..
-Es Tawon kidul dalem....maknyussss!!!
-Ono' sing iling "selawe..selawe..nontok nang Em Te !!!"
-Podo ngumpulno bekas bungkuse permen karet "Yosan"
-Pas sek sekolah TK, tau nyanyi bareng2 nang RRI. Wong sa' kampung dikandani cek ngrungokno radio.
-Klambi klombor,..nek mlaku tangane melambai2 kiwo tengen...< Kethok nek arek mokong !>
-Potongan rambute arek2 enom sik niru lupus. Sak tas-tase... tas lupus.
-Senengane jajan wafer coklat sing onok gambare superman
-Podo ngumpulno bekas bungkuse permen karet "Yosan"
-Wektu TK, tau nyanyi bareng2 nang RRI. Wong sa' kampung dikandani cek ngrungokno radio.
-Lagu anak2...chicha koeswoyo
-Kodew ngerock..."apanya dong" euis dahlia.
-Plat "L" podo wedi liwat dalan2.
-Dugem ndhek MyPlace..kartika Prince, sa' durunge ndek laguna. Wes kethok gaul.
-Klambi klombor,..nek mlaku tangane melambai2 kiwo tengen...< Kethok nek arek mokong !>
-Nek upacara dino senen nyanyi "satu nusa satu bangsa", ...pas lagune wes entek, senengane di tambah2 i.....IIIIIINNNNN...!!!
-Nek sore, mesti standby ndek ngarepe TV ngenteni OSHIN
-Sek tas iso numpak eskalator.
-Maen dingdong favorite game street fighter, 1942 (game pesawat perang),
-Kura-kura ninja, centurion, he-man.
-Gerhana matahari total, ga' oleh metu teko omah. Nek metu di weden-wedeni ngko iso buta.
-Food center panggonan favorit gawe gaya2 an....padahal cuma pesen soda gembira, opo coca-cola thok.
-Deg-degan...mene pelajaran ORKES,...padahal durung apal SKJ seri B.
-Cinema-cinema durung ono,..sing onok "Aku cinta..anda cinta...semua cinta...buatan Iiiiindonesiaaa..."
-Sing ga iso ORARI an, nggawe interkom. Bendino ngolor2 kabel interkom terus ground ne di lebok no sumur.
-Podo nggendengi Nike ardilla
-Tali sepatu ombo, terus warna warni.
-Ngumpulno kliping koran tema e PON (pekan Olah raga nasional) teko awal sampe penutupan.
-Heran nonton bule iso bahasa indonesia ...Escrava Isaura, Rudolfo, Miguel. Telenovela pertama sing didubbing.
-Isaura entek diganti little missy.
-Sepedaan BMX, ruji bane e dipasangi plembungan. Unine koyok adapes rotom.
-Sek akeh arek cilik dulinan engklek, sing kodew bekelan.
-sik eling Polisi sing jenenge MIRAN ??? sing senengan e oprak-oprak wong Becak an.
-jaman-jaman e SDSB alias PORKAS. putaran e nomor e sak ben malam jumat teko RRI Jakarta di rile karo RRI Lokal.
Terusane terusno dhewe yo ker...sori ga urut sa'jane sek akeh...
Ayo ker, sisane terusno yo, ---- Ga ono Batesan Taun---
Cek ne kenangan akan malang gak luntur.
kresek2007
Jan 16 2008, 02:10 PM
Uedan tenan sampean iki, mosok isik eling kuabeh...
ono sing keri...iku lho sandale bangkiak, trus ono lagune
Iki jaman edan tahi-tahi dipangan
affan2fly
Jan 16 2008, 05:18 PM
loh,...jenenge nostalgila loh...jangan lupakan sejarah jarene.
Ayo...sopo maneh sing sek iling..tambah tambah tambah
slokivodka
Jan 16 2008, 05:27 PM
"Lorek maneh......" hahahaha
affan2fly
Jan 16 2008, 09:59 PM
Lorek apane kang?
slokivodka
Jan 18 2008, 10:35 AM
QUOTE (affan2fly @ Jan 16 2008, 09:59 PM)

Lorek apane kang?
Lek riko iling jaman taun 80an, sing usum pas iku wong nggawe klambi lorek sampek mblenger ndeloke, dadi ben ketemu arek klambian lorek, opo maneh kodew, mesti dibengoki "....LOREK MANEH...."
Om Hiro
Jan 18 2008, 11:02 AM
QUOTE
Nang rental kaset game sega, Nintendo, mbek spica ndek embong brantas.
nang jalan Brantas pasti itreng karo Walet diskotik......
trus nakam Colenak nang Jalan Semeru....
Nakam segho Resek nang kasin....
Nakam maneh Otos Sulung ......
nie...
Jan 18 2008, 11:52 AM
QUOTE
"Lorek maneh......" hahahaha
nek kuning lak untumu....hahahahaha...
tibakno awake dewe wis kewut ker...
kangkenyot
Jan 18 2008, 01:44 PM
sing pasti jaman iku ngalam ijik kepenak hawane... gak koyo saiki...
ndik ngglintung wae jik nemu kabut nek bengi, saiki.... whuaaaa... ruwettt..
kresek2007
Jan 18 2008, 09:13 PM
QUOTE (kangkenyot @ Jan 18 2008, 01:44 PM)

sing pasti jaman iku ngalam ijik kepenak hawane... gak koyo saiki...
ndik ngglintung wae jik nemu kabut nek bengi, saiki.... whuaaaa... ruwettt..
yo...ambek maneh jaman iku, aku lek ngamen wonge loman-loman
dhulor2 opo ono sing eling mendit, piye saiki kabere mendit...
opo sik akeh sedeb'pe
febriansyah
Jan 18 2008, 09:48 PM
affan2fly
Jan 19 2008, 05:24 AM
QUOTE (febriansyah @ Jan 18 2008, 09:48 PM)

Wah jamane sampeyan sing usum opo,..ga popo cerita'no.
Nek ayas pancen wes rodo kewut,..hihihi dadi ceritane rodo2 aneh.
Iling jamane celono komprang, nek mlaku nyapu dalan.?
Trus Jamane nonton TV se' mbayar,...sing duwe TV loro antene disingitno
slokivodka
Jan 19 2008, 07:45 AM

[/quote]
Aku yo kait rumongso lek wis kewut...hehehe...
Tapi aku gak njamani jamane riko ndelok TV sik mbayar,
aku mek ngrasakno jamane ndelok video mbayar seket ripis,
lek gak ngono ndelok video ndik omahe tonggo teko koco njobo omahe wonge karo umpel2an,
jenenge irung karo lambe nemplek nang koco nganti ngecap kabeh...hahaha...
Jaman iku kali brantas sik rijik, durung buthek koyok saiki.
Pas sik SD ben mulih sekolah mesti adus ndik kali, jan ganok gilone blas adus ndik kali,
lek jaman saiki durung karuan gelem, lha wong kali Brantas wis nggilani....
kresek2007
Jan 19 2008, 12:25 PM
sam...sam lan mbakyu...mbakyu...karo crito malang, aku kepingin weruh sampean kabeh malang daerah ngendi...??
Lek'e aku malange kel: purwantoro, kec:blimbing
iku lho jln.ciliwung
Saiki aku ning perantauan Kep.riau , wis suwe ora ngerti malang saiki koyo opo. Dadi aku ning kene melu seneng...nostalgia...
Ayo sopo maneh sing wani lanekan asale...he...he
affan2fly
Jan 20 2008, 06:05 AM
QUOTE (kresek2007 @ Jan 19 2008, 12:25 PM)

Wah sam nek pengen lanekan ono thread e dewe loh,...ngko disangkane gawe thread tandingan...
Tapi ga popo cerito setitik,...cilikanku teko lair procot urip ndek onosogrem, trus umur 20 pindah nang rajajowas, saiki nggolek sesuwap nasi ndek jakarta sam..podo2 perantauwane. hehe

Wah iyo, nonton video betamax umpel2an. Pas enak2 nonton, moro2 onok sing ngentut tapi gak ngaku...
Jaman iku sing ditonton nek gak film silat kungfu, yo film india.
BlooD AngeL
Jan 24 2008, 01:13 PM
ngalam sak iki sanap...loop sam , mbak ... biyen adem e enak.. sak iki mlaku shitik males.. puanas soal e...
padahal yo sek akeh seng ijo tp kok puanas e pool? opo karena akeh ruko karo perumahan dibangun?
blietz
Jan 24 2008, 02:35 PM
hayo iki nang endi???
affan2fly
Jan 24 2008, 10:26 PM
QUOTE
hayo iki nang endi???
gerejone karo trotoar e sik podo sam,...suasanane tok bedo...hehehe
blietz
Jan 25 2008, 09:53 AM
iku taon 1948
kresek2007
Jan 25 2008, 05:33 PM
QUOTE (affan2fly @ Jan 24 2008, 10:26 PM)

QUOTE
hayo iki nang endi???
gerejone karo trotoar e sik podo sam,...suasanane tok bedo...hehehe
Lek ora salah nyabrang tithik BATHIK KERIS
nie...
Jan 25 2008, 09:51 PM
gerejo kayutangan yo?
blietz
Jan 26 2008, 09:51 AM
betul sam ...ein (sor jeneng sampeyan yo kwalik), kajoetangan taon 1948. ta tambahi yo sam. oleh a???
affan2fly
Jan 26 2008, 12:40 PM
ndisik onok bioskop kayutangan theater, parkiran ngisor ono nggone bilyard. Bioskop tongkrongan ABG. Murah tapi lumayan apik....
nie...
Jan 26 2008, 01:22 PM
ditambahi ae jess...sing akeh...gpp, gawe 'reuni'an...
blietz
Jan 26 2008, 02:35 PM
iki endi???
affan2fly
Jan 27 2008, 07:49 AM
sekitar alun2, kantor pos yo jes?
slokivodka
Jan 28 2008, 12:47 AM
lek iki saiki wis dadi mitra dept. store
nie...
Jan 28 2008, 11:27 AM
oyi...oyi....rodok ngungib jes...jamane wis seje...biyen sik apik...howone seger...nek saiki kakean ruko....
kresek2007
Jan 28 2008, 02:47 PM
iyo...yo...reneb, aku ngungib...bar kelingan saiki dadi mitra
pinter tenan sampeyan.
blietz
Jan 28 2008, 03:47 PM
weeehhh reneb hebak kera-kera iki, sampeyan ngalam ilsa tiba'e. iki aloon-aloon dijupuk ton 1930, wis podo lahir a???
affan2fly
Jan 29 2008, 06:02 AM
QUOTE
weeehhh reneb hebak kera-kera iki, sampeyan ngalam ilsa tiba'e. iki aloon-aloon dijupuk ton 1930, wis podo lahir a???
waaa ayas ga setuwek iku loh.....
slokivodka
Jan 29 2008, 07:39 AM
lek aku ancen asli malang jes, trus omahku yo ndik daerah sekitar alun2 nganti saiki, dadi yo sik akeh sing iling.
lek jamanku biyen nggen iku sik dadi biskop agung.
kapan2 tak bageni foto malang jaman biyen, iki maeng lali kate nggowo file-e
nie...
Jan 29 2008, 08:33 PM
QUOTE
weeehhh reneb hebak kera-kera iki, sampeyan ngalam ilsa tiba'e. iki aloon-aloon dijupuk ton 1930, wis podo lahir a???
hahahaha....nek taun sakmono yo taunne mbahku jes....osi osi ae umak iki....
kresek2007
Jan 30 2008, 09:42 PM
QUOTE (slokivodka @ Jan 29 2008, 07:39 AM)

lek aku ancen asli malang jes, trus omahku yo ndik daerah sekitar alun2 nganti saiki, dadi yo sik akeh sing iling.
lek jamanku biyen nggen iku sik dadi biskop agung.
kapan2 tak bageni foto malang jaman biyen, iki maeng lali kate nggowo file-e

oyi...jes...tak enteni ngalam jaman biyen'e sampeyan
slokivodka
Feb 5 2008, 08:19 AM
Sarinah jaman biyen, sik iling gak?
blietz
Feb 5 2008, 09:27 AM
aku seneng ker, ono sing melu nambahi. apikkkkk
slokivodka
Feb 5 2008, 10:53 AM
Lek bangunan iki ono sing iling gak....
affan2fly
Feb 6 2008, 05:40 AM
Lembaga pemasyarakatan wanita? bukan?
Ga jelas tulisannya...
slokivodka
Feb 8 2008, 09:03 AM
QUOTE (affan2fly @ Feb 6 2008, 05:40 AM)

Lembaga pemasyarakatan wanita? bukan?
Ga jelas tulisannya...
Ojit jes, iki lembaga pemasyarakatan wanita, tp terkenale penjara wanita.
Bangunan iki saiki wis gak ono, wis dadi Ramayana...
nie...
Feb 8 2008, 04:33 PM
siippp...iling2 jaman biyen....
affan2fly
Feb 9 2008, 10:27 AM
......wa iku didelok teko sebelah endi yo jess?
aku kapan2 ta' kirim ahh
kresek2007
Feb 9 2008, 10:33 AM
sam2...sopo sing duwe rambag'e blimbing jaman biyen...?
affan2fly
Feb 10 2008, 07:30 PM
QUOTE (kresek2007 @ Feb 9 2008, 10:33 AM)

sam2...sopo sing duwe rambag'e blimbing jaman biyen...?
wah...kayake umak kera blimbing yo ?
kresek2007
Feb 11 2008, 06:22 PM
QUOTE (affan2fly @ Feb 10 2008, 07:30 PM)

QUOTE (kresek2007 @ Feb 9 2008, 10:33 AM)

sam2...sopo sing duwe rambag'e blimbing jaman biyen...?
wah...kayake umak kera blimbing yo ?
oyi...tapi wes uwus ning prantauan...dadi pengin ngerti
nawakku
Feb 26 2008, 01:06 PM
kane ne rek .ngomongi ngalam zaman seniyen..he he he ayas dhadi pingin kolem
QUOTE (kresek2007 @ Feb 11 2008, 06:22 PM)

QUOTE (affan2fly @ Feb 10 2008, 07:30 PM)

QUOTE (kresek2007 @ Feb 9 2008, 10:33 AM)

sam2...sopo sing duwe rambag'e blimbing jaman biyen...?
wah...kayake umak kera blimbing yo ?
oyi...tapi wes uwus ning prantauan...dadi pengin ngerti
ngecek
Mar 10 2008, 10:13 PM
iku ndik kayu tangan rek
pasar senggol sik onok gak yo
tmb
Mar 28 2008, 09:35 PM
wah kok jek kelinan yo
koko13
Mar 28 2008, 11:58 PM
QUOTE (affan2fly @ Jan 20 2008, 06:05 AM)

QUOTE (kresek2007 @ Jan 19 2008, 12:25 PM)

sam...sam lan mbakyu...mbakyu...karo crito malang, aku kepingin weruh sampean kabeh malang daerah ngendi...??
Lek'e aku malange kel: purwantoro, kec:blimbing
iku lho jln.ciliwung
Saiki aku ning perantauan Kep.riau , wis suwe ora ngerti malang saiki koyo opo. Dadi aku ning kene melu seneng...nostalgia...
Ayo sopo maneh sing wani lanekan asale...he...he
Wah sam nek pengen lanekan ono thread e dewe loh,...ngko disangkane gawe thread tandingan...
Tapi ga popo cerito setitik,...cilikanku teko lair procot urip ndek onosogrem, trus umur 20 pindah nang rajajowas, saiki nggolek sesuwap nasi ndek jakarta sam..podo2 perantauwane. hehe
QUOTE
Aku yo kait rumongso lek wis kewut...hehehe...
Tapi aku gak njamani jamane riko ndelok TV sik mbayar,
aku mek ngrasakno jamane ndelok video mbayar seket ripis,
lek gak ngono ndelok video ndik omahe tonggo teko koco njobo omahe wonge karo umpel2an,
jenenge irung karo lambe nemplek nang koco nganti ngecap kabeh...hahaha...
Jaman iku kali brantas sik rijik, durung buthek koyok saiki.
Pas sik SD ben mulih sekolah mesti adus ndik kali, jan ganok gilone blas adus ndik kali,
lek jaman saiki durung karuan gelem, lha wong kali Brantas wis nggilani....
Wah iyo, nonton video betamax umpel2an. Pas enak2 nonton, moro2 onok sing ngentut tapi gak ngaku...
Jaman iku sing ditonton nek gak film silat kungfu, yo film india.
sik liling bioskop misbar "Kelud" ker.
tau Jajan es potong
lek tanggal 30 september kudu ndelok film G30s pki
rawon brintik di boldi sik ono opo ora yo ker?
bakso panggang pak man di ngarepe smp 9 comboran sik ono ta?
kurang lengkap lek ga gawe sabuk GIR
pitik_9
Apr 12 2008, 12:11 AM
isih eling sepatu silat ga?......sepatu sing tipis warnae ireng.
tuku lotre sing hadiah brem/sarimi.
jajan ndek halokes kudu nggawe kupon
numpak sepur ndek lokomotif,mbayar nang masinis
nyabuti tebu pas onok truk momot tebu lewat/pas ndek lampu merah.
eling sbuk teko tulisan/emblem CDI astrea ga?
Om Hiro
Apr 12 2008, 11:44 PM
wah ga nyongko kanyab kera ngalam nang kene....
Sik iling karo hotel splendid Inn?
This is a "lo-fi" version of our main content. To view the full version with more information, formatting and images, please
click here.