Help - Search - Members - Calendar
Full Version: Cirine wong seko entute
BlueFame Forums: A Blue Alternative Community > BlueFame Community > BlueFame Localizations > Jawa Tengah
bawuk_mawuk
Sepurane kemawon menawi sampun nate maos...
Maturnuwun nggih..........

Cirine wong seko entute

o Wong sing ORA JUJUR
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
o Wong GOBLOG
Wong sing ngempet ngentut sampai jam-2-an.
o Wong sing JEMBAR WAWASAN’E
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
o Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
o Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
o Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-2 nyetop entute nek pas lagi ngentut.
o Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune mesti wangi.
o Wong sing KEJEM (SADIS)
Wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone.
o Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut terus ke’isinan dhewe.
o Wong sing STRATEGIS
Wong sing nek ngentut ning ngarep’e wong lio iso nylamurke entut’e nganti wong lio ora kepikiran maneh.
o Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-2 dienggo ngganti entute sing metu.
o Wong sing GEMI
Wong sing nek ngentut metune diatur sethithik-2.
o Wong sing SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
o Wong sing RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
o Wong sing ORA RAMAH
Wong sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-2.
o Wong sing KE-KANAK-2-AN
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-2.
o Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.
o Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek awak’e bar ngentut.
o Wong PINTER
Wong sing iso niteni ambune entut wong lione.
o Wong SIAL
Wong sing dientuti terus karo wong lio.
o Wong sing KURANG KONTROL DIRI
Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
o Wong sing ORA IKHLAS
Wong sing gak mambu entute dewe ning wong liya sing mambu muring- 2.
o Wong sing SETITI
Wong sing menowo ngentut metune swara entut di-endat-2 dadi ping 7.
o Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut metune dibrolno sak ampase.
o Wong RA NGGENAH
Wong sing angger ngentut silite ditempeli terompet ben samsaya banter swarane.
o Wong RA UMUM
Wong sing yen ngentut dilagokake.
o Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Wong sing yen ngentut di-penggak-2 kareben swarane kadya unining bedil.
o Wong RA SABARAN
Wong sing wes ngueden methuthut ra muni entute malah bole sing metu.
o Wong SOLO / YOGYA
Wong sing entute aluun banget dawa lan sajak ndandang gulo.
o Wong RADUWE GAWEAN
Wong sing gawene ngrembug soal entut (kayata sing maca).
o Wong GENDHENG
Wong sing ngamati ciri-2-ne wong liya saka carane ngentut !
kramotak
tambah bro..
WONG EDAN
wong sing posting entut-entutan iki weee.gif Tounge.gif
bawuk_mawuk
ooo nggih... tambah meneh mas..

o WONG GEMBLUNG
Wong sing ngreply topic entut - entutan iki...


Hii hi hi hi hi
Hsskk.. hsskk ... hsskk...

sepurane nggih mas... ayo tambahi meneh mas...
wonten cangkriman sanesipun mas... he he he
Davinsahan
Telo tenan wong sing nggawe trit iki, asli ngakak!wakakaka..Kayane durung ana ki...
o WONG ORA TANGGUNG JAWAB
Wong sing bar ngentut minggat...
citoz
wong KANGEN.....
cetha2 nggilani ngene isih malah melu posting....
Koga Manjidani
wong waras....
aku iki BigGrin.gif
citoz
^^
^^
^^
ora ana wong edan ngaku edan.
mesti wong edan ngakune waras. ngakak.gif
Koga Manjidani
QUOTE (citoz @ May 17 2008, 08:11 PM) *
^^
^^
^^
ora ana wong edan ngaku edan.
mesti wong edan ngakune waras. ngakak.gif

^
^
Pengalaman pribadine citoz iki mesthi Laughing.gif
bawuk_mawuk
QUOTE (~D@v!N~$@H@N~ @ May 16 2008, 08:27 PM) *
o WONG ORA TANGGUNG JAWAB
Wong sing bar ngentut minggat...


hiyak... bener kiye kang toni...

kramotak
WONG SING LOMA (MURAH HATI)
wong sing ngentut terus ngajak kanca-kancane nyedot bareng-bareng ben ndang entek ambune...
Koga Manjidani
wong seng keno kram otak
-wong arep ngentut diampet dadi rasido gek diunggahke neng otak nggo suplai Oksigen-

kedawan yo? BigGrin.gif
The Legend
Wong Pikirane Selangkangan Thok!
wong sing reply thread entut iki... haha.gif

cabut ah........... bye.gif ...................... bike.gif
Cyber Lady
QUOTE (Lεlаkí_Sεј @ May 20 2008, 01:45 PM) *
wong seng keno kram otak
-wong arep ngentut diampet dadi rasido gek diunggahke neng otak nggo suplai Oksigen-

kedawan yo? BigGrin.gif


wong iki yo ngentutan......
judule ngene
oWONG GENDUT
nek ngentut sak nggon2...ra ngerti situasi karo kondisi haha.gif

@LS - Peace.gif
kramotak
o WONG RA TAU SIKATAN
wong sing ngentut liwat cangkem Sick.gif haha.gif
kramotak
---=dibusek=----

QUOTE
reason: double post (koneksine modar cocote!)
Nurman
LMAO.gif podo edan kabeh.melu edyan ah..
Wong arep mati
wong sing ngentut di depke cangkeme pak polisi(ra nganggo suwe,langsung di dor kowe LMAO.gif )
bawuk_mawuk
@atase nyong...

hskk hsskkk hsskkk...

wong edan tenan ki....

Nurman
@atase nyong...juga.

wong edan kok di tanggapi,brati y melu edyann... LMAO.gif LMAO.gif
marutoklopo
sing nanggapi yo ngentutan LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif bike.gif
wirzouw
bocah gemblunk.... Tounge.gif
bawuk_mawuk
nggih... nambahi gemblung, menawi panjenengan sami mboten saget ngentut rak nggih dados masalah..
weteng kembung tur seneb, mlampah, lenggah, sare napa melih nuwun sewu kenthu rak nggih mboten kepenak...
malah mundak nyang dokter medal arto kagem mbayari dokter lan obat...

hlaaa... monggo ngentut niku dipun syukuri, nikmat.........

hsskk hhsskk hssskk...
Davinsahan
Wakakaka...leres sanget mas bawuk..Reginipun awis sanget punika..
si_kembar
Wakakakaka .... gemblung kabeh kiye .... ayuh pada ngentut bareng2 wae priwe ?
Kisuke Urahara
lha lapo seh kok mbahas enthut... kurang gawean... Tounge.gif
El_Tuerto
Bahas entut to, niki kulo gih posting tentang masalah entut, tapi nyuwun sewu ngagem bahasa Indonesia.

Bukti-bukti Ilmiah Entut : http://www.bluefame.com/index.php?showtopic=125858

Entut terawis ing dunya : http://www.bluefame.com/index.php?showtopic=121753

Entut tersuwe ing dunya : http://www.bluefame.com/index.php?showtopic=121760

termasuk Wong Gemblung boten gih? kok entut didadeke bahan penelitian, malah dianake kontetstan ngentut tersuwe, njuk wong ngentut di tuntut sampe pengadilan. Hypnotized.gif LMAO.gif
bawuk_mawuk
lhahh... maturnuwun nggih kangmas El-Tuerto sampun nambahi kalengkapan pangelmu entut-entutan

panjenengan kawulo dongaaken mugi - mugi pinaringan gelar Honoris Causa Pangentutan...

hsskkk hhsskk hsskkk...

Davinsahan
Rak sangsaya sami boten nggenah! Mosok wonten honoris causa bab entutologi?? LMAO.gif
This is a "lo-fi" version of our main content. To view the full version with more information, formatting and images, please click here.