Help - Search - Members - Calendar
Full Version: Neng ngopo susah golek kerjo??
BlueFame Forums: A Blue Alternative Community > BlueFame Community > BlueFame Localizations > Jawa Tengah
bawuk_mawuk
Neng ngopo susah Golek kerjo??

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
a : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten...... ..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.


G : Kowe nduwe motor opo ora....?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.



G : Kowe wis lulus sarjana tenan.....?
c : sampun pak....
G : Ora ketompo, kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
c : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.



G : Kowe seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
G : Ra ketompo.....
d : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G : Malah ora ketompo.
d : Lho kok......
G : Engko kowe mung email emailan sing lucu.......



G : Kowe mau mrene numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowe ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok
G : Tambah ora ketompo
e : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!



G : Anakmu akeh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowe ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok ... ?
G : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe



G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
h : Dereng
G : Kowe ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?
h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok ... ?
G : Kowe rak mung arep keminter, to ?



G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
k : Dereng
G : Kowe ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok ... ?
G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?



G : Kowe kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowe ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
m : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.



G : Kowe biso main Internet ?
n : mBoten
G : Kowe ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to? Ngentek-entekke pulsa !



G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo..... ..
o : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo..... .
o : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..... .....

o : WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!! !@#$%#%^#%^$ @%!#%$^%# ^
kramotak
wakakakakaka ngakak.gif

nganti dikira wong edan aku moco trit iki.... sarap tenan sampeyan... ngakak.gif
yen aku sing nglamar, tak bacok iku bos e weee.gif
Nurman
LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif
nek bosku koyo ngono kuwi iso2 tak perkosa tenan,ra nggagas podo lanange,penting perkosa sik LMAO.gif
Davinsahan
Bawuuukkk! Tanggung jawab! Ki lho weteng karo pipi nganti kram, kakehan ngguyu BigGrin.gif BigGrin.gif ...Jan! w**syu tenann...Asli kocak BigGrin.gif BigGrin.gif
Tuyul penipu
LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif
bisa mati berdiri aku kalou bos nya Gituan
LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif LMAO.gif
Piero10
Pengalaman pribadi ya?? LOL.gif LOL.gif Nek kang Bawuk dadhi bos, ditiru ya...

Bos Geblegg... LMAO.gif LMAO.gif
Davinsahan
Ndhuwure nyong.. Nek @bawuk sing dadi boss kaya kuwe.. mestine ora usah diumani "bawuk" maning..ben! Zineenn! haha.gif
Jeep4x4
LMAO.gif......wuedan......LMAO.gif..............
This is a "lo-fi" version of our main content. To view the full version with more information, formatting and images, please click here.